Kautaman Amalan Wonten Ing Awal Wulan Dzulhijah
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Khotbah Jum’at Basa Jawa - Mangga
sesarengan ningkataken taqwa kita dumateng Allah, kanti saestu tansah
netepi ta’at sedaya perintahipun saha nebihi sedaya awisanipun.
Ampun ngantos nilar kewajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi
ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.wonten ing kawontenan kados punapa
kemawon, tansah netepana taqwa lan taat dateng Allah, supados kita tansah
pikantuk rahmat lan kanugerahan wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining
akherat, Amiin. Alhamdulilah Allah sampun
paring nikmat dumateng kita sedaya inggih nikmat umur saha kasarasan sahingga
wonten dinten punika dipun anugerahaken manggihi wulan Dzulhijjah, wulan ingkang kathah
kautamaanipun, ingkang sak
mangke bade kita aturaken babakan kautamaan-kautamaan saking awal wulan Dzulhijjah lan ibadah
utawi amalan punopo kemawon ingkang dipun anjuraken ing sak lebetipun wulan Dzulhijjah.
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Khotbah Jum’at Basa Jawa - ing antaranipun
ingkang nedahaken kautamaan-kautamaan saking wulan dzulhijah inggih
puniko Hadits saking Ibnu ‘Abbas, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa
sallam paring sabda,
مَا مِنْ أَيَّامٍ الْعَمَلُ
الصَّالِحُ فِيهَا أَحَبُّ إِلَى اللَّهِ مِنْ هَذِهِ الأَيَّامِ . يَعْنِى
أَيَّامَ الْعَشْرِ. قَالُوا يَا رَسُولَ اللَّهِ وَلاَ الْجِهَادُ فِى سَبِيلِ
اللَّهِ قَالَ وَلاَ الْجِهَادُ فِى سَبِيلِ اللَّهِ إِلاَّ رَجُلٌ خَرَجَ
بِنَفْسِهِ وَمَالِهِ فَلَمْ يَرْجِعْ مِنْ ذَلِكَ بِشَىْءٍ
“Ora ana salah sawijine amal sholeh
kang luwih dicintai Allah ngluwihi amal shaleh kang dilakoni ing dino-dino iki
yaiku 10 dino awal soko wulan dzulhijah..” Para
sahabat tanglet: “Boten
ugi jihad ing dalane Allah?” Nabi shallallahu
‘alaihi wa sallam jawab: “Ora ana jihad ing dalane Allah, kejaba wong kang jihad kanti jiwa lan bandhane ananging ora ana siji wae kang bali.”
Ing antaranipun malih ingkang
nedahhaken kautamaan-kautamaan dinten kasebat, firman Allah
Ta’ala,
وَلَيَالٍ عَشْرٍ
“lan demi malam
kang sepuluh.” (QS. Al Fajr: 2). Inggih puniko 10 dinten
awal saking wulan dzulhijah.
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Khotbah Jum’at Basa Jawa -
Ibnu Rajab Al Hambali ngendika
bilih hadits kala
wau paring pitedah bilih amalan wonten
ing 10 dinten, langkung dipun tresnani lan nedahhaken bilih
amalan ing 10 dinten awal langkung dipun tresnani menawi kabandengan dinten
lintunipun lan mboten wonten pengecualian menawi dipun
sebateken bilih ing dinten kasebat langkung dicintai Allah, punika nedahaken, bilih nindakaken amal shaleh ing
wekdal 10 hari awal Dzulhijjah langkung utami
ing sisinipun Allah.”
Amalan Punapa Ingkang
Dianjurkan ing Sepuluh Hari Awal Dzulhijah?
Khotbah Jum’at Basa Jawa - Kautaman 10 dinten awal
Dzulhijah berlaku kangge amalan punapa
mawon miturut syar’i, boten kawates
amalan khusus. Amalan ingkang
dipun anjuraken ing awal dzulhijah inggih punika siyam. Saking
Hunaidah bin Kholid, saking garwonipun, istrinipun Nabi shallallahu
‘alaihi wa sallam ngendikak aken,
عَنْ بَعْضِ أَزْوَاجِ
النَّبِىِّ -صلى الله عليه وسلم- قَالَتْ كَانَ رَسُولُ اللَّهِ -صلى الله عليه
وسلم- يَصُومُ تِسْعَ ذِى الْحِجَّةِ وَيَوْمَ عَاشُورَاءَ وَثَلاَثَةَ أَيَّامٍ
مِنْ كُلِّ شَهْرٍ أَوَّلَ اثْنَيْنِ مِنَ الشَّهْرِ وَالْخَمِيسَ.
“Rasulullah shallallahu
‘alaihi wa sallam biasa siyam ing 9 dino awal Dzulhijjah,dina ‘Asyura (10 muharram) , pasa 3 dina saben-saben wulan.
Sahabat ingkang mraktekaken siyam 9 dinten saking
awal dDzulhijjah inggih punika Ibnu ‘Umar, para Ulama kados Al Hasan Al
Bashri, Ibnu Sirin lan Qotadah ugi
nyebataken kautamaan siyam ing dinten-dinten puniko miturut pendapat mayoritas Ulama.
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Khotbah Jum’at Basa Jawa - Sak lajengipun ugi
amalan ingkang dipun anjuraken inggih puniko siyam ing dinten Arafah kagem tiyang
ingkang mboten nindak aken haji. Ampun ngantos nilaraken siyam Arafah
puasa Arafah punika wonten ing
tanggal 9 Dzulhijah kados hadits
Abu Qotadah, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,
صِيَامُ يَوْمِ عَرَفَةَ
أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ وَالسَّنَةَ
الَّتِى بَعْدَهُ وَصِيَامُ يَوْمِ عَاشُورَاءَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ
يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ
“Puasa Arafah ngapusake dosa
setahun kapungkur lan setahun arep
teko.” Kautaman puasa Arafah inggih
puniko bade dipun hapus dosa setahun ingkang kapengker lan setahun ingkang bade
dateng lan dosa ingkang dipun maksud inggih punika dosa-dosa alit utawi diringanaken
dosa ageng utawi dipun inggilaken derajatipun.
Lajeng kagem tiyang ingkang haji boten dipunanjuraken
nindakaken siyam Arafah, kados hadits Rasululloh saking Ibnu ‘Abbas,
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Khotbah Jum’at Basa Jawa - Ing
antaranipun bilih dinten Arafah ugi gadahi
kautaman-kautaman kados wonten hadits:,
مَا مِنْ يَوْمٍ أَكْثَرَ مِنْ
أَنْ يُعْتِقَ اللَّهُ فِيهِ عَبْدًا مِنَ النَّارِ مِنْ يَوْمِ عَرَفَةَ
وَإِنَّهُ لَيَدْنُو ثُمَّ يُبَاهِى بِهِمُ الْمَلاَئِكَةَ فَيَقُولُ مَا أَرَادَ
هَؤُلاَءِ
“Ing antaraning dina kang Allah akeh mbebasake salah sawijine manungsa saka neraka yaiku ing dina Arafah (kangge tiyang ingkang wonten Arafah). Allah bakal
nyedakki tiyang punika lajeng dipun paring priksa kautamaanipun dumateng para malaikat. Banjur Allah
berfirman: opo kang dikarep ake”
Punika para sederek kautamaanipun tiang ingkang haji, sederek kita
ingkang wukuf ing Arafah lila ninggalaken sanak
sederek, negri, ugi ngorbanaken
bandha, ingkang dados
kekarepanipun inggih punika ampunan, ridha lan manggihi
Rabb ipun. Derajatipun tergantung niat saben tiyang ingkang nindakkaken wukuf
ing Arafah. Kautaman lintunipun
dinten Arafah
inggih wekdal mustajabipun do’a. Kados hadits saking ‘Amr bin Syu’aib saking Bapak saking kakek, Nabi shallallahu
‘alaihi wa sallam bersabda,
خَيْرُ الدُّعَاءِ دُعَاءُ
يَوْمِ عَرَفَةَ
“Seapik-apike
do’a yaiku do’a ing dina Arafah.”
Akhiripun mugi Allah
gampilaken anggen kita ibadah lan ingkang
dereng saged haji mugi suatu saat saged nindakkaken
ibadah haji.
DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017
NO
|
TANGGAL
|
JUDUL KHUTBAH
|
LINK
|
LINK
|
1
|
6 Januari 2017
|
|
|
|
2
|
13 Januari 2017
|
|
|
|
3
|
20 Januari 2017
|
|
|
|
4
|
27 Januari 2017
|
|
|
|
5
|
2 Februari 2017
|
|
|
|
6
|
10 Februari 2017
|
|
|
|
7
|
17 Februari 2017
|
|
|
|
8
|
24 Februari 2017
|
|
|
|
9
|
3 Maret 2017
|
|
|
|
10
|
10 Maret 2017
|
|
|
|
11
|
17 Maret 2017
|
|
|
|
12
|
24 Maret 2017
|
|
|
|
13
|
31 Maret 2017
|
|
|
|
14
|
7 April 2017
|
|
|
|
15
|
14 April 2017
|
|
|
|
16
|
21 April 2017
|
|
|
|
17
|
28 April 2017
|
|
|
|
18
|
5 Mei 2017
|
|
|
|
19
|
12 Mei 2017
|
|
|
|
20
|
19 Mei 2017
|
|
|
|
21
|
26 Mei 2017
|
|
|
|
22
|
2 Juni 2017
|
|
|
|
23
|
9 Juni 2017
|
|
|
|
24
|
16 Juni 2017
|
|
|
|
25
|
23 Juni 2017
|
|
|
|
26
|
30 Juni 2017
|
|
|
|
27
|
7 Juli 2017
|
|
|
|
28
|
14 Juli 2017
|
|
|
|
29
|
21 Juli 2017
|
|
|
|
30
|
28 Juli 2017
|
|
|
|
31
|
4 Agustus 2017
|
|
|
|
32
|
11 Agustus 2017
|
|
|
|
33
|
18 Agustus 2017
|
|
|
|
34
|
25 Agustus 2017
|
|
|
|
35
|
1 September 2017
|
|
|
|
36
|
8 September 2017
|
|
|
|
37
|
15 September 2017
|
|
|
|
38
|
22 September 2017
|
|
|
|
39
|
29 September 2017
|
|
|
|
40
|
6 Oktober 2017
|
|
|
|
41
|
13 Oktober 2017
|
|
|
|
42
|
20 Oktober 2017
|
|
|
|
43
|
27 Oktober 2017
|
|
|
|
44
|
3 November 2017
|
|
|
|
45
|
10 November 2017
|
|
|
|
46
|
17 November 2017
|
|
|
|
47
|
24 November 2017
|
|
|
|
48
|
1 Desember 2017
|
|
|
|
49
|
8 Desember 2017
|
|
|
|
50
|
15 Desember 2017
|
|
|
|
51
|
22 Desember 2017
|
|
|
|
52
|
29 Desember 2017
|
|
|
|
0 Komentar